Sabtu, 09 Februari 2008

Nggurit-nggurit

CIPTA RASA


Dalan kuwi samar ndak sawang
Sing podho rame gumanti katon sepi
Kang asri katon ora tumata rapi
Bengi iki datan ana lintang

Ndhuk...kudune saiki bebarengan
Padha jethungan ana ing pelataran
Jejogedan lan padha tetembangan
Hanglaras luh ing suasono Padhang mBulan...

Bengi iki datan ana sewu konang
Jagad petheng leliweran,tanpa sanak kadhang
Adoh dunungmu...cupet pamikirku!!!
Kapan anggonmu padha Dakon lan jethungan

Ndhuk...saiki padhange kaya rina
Padha nglaras irama lan nyukil pangrasa jiwa
Bebasan umpamane lumaku ing gegana
Nggelar kamulyan nganti sak bedhahing jaman

Dudu rupa lan dudu raja brana...
Ananging muncrating ludira,rasa,sak pecating nyawa
Nyudhet lelakon kang tansah tinilara
Dening Durjana-durjana ambeg angkara

Ndhuk...sepira larane ati kang dinupak
Kaya ngapa rasane kang padha lara lapa
Datan bisa gemuyu kaya manuk Prenjak
Jingkrak-jingkrak kanti rasa tresna lan bungah

Saiki...meh padhang terawangan
Bagaskara manther ing sak berang Wetan
Padha bebarengan lumaku alon-alon
Tepisna sengkala...sirnakna Durjana angkara murka...


13 January 2008
Bong Kuburan Cina,04:10...

Tidak ada komentar: