NDLEMING..!!!
Udan ngriwis ora uwis-uwis
Handadhekna suasana athis
Kumlebeting kalbu kang lagi miris
Saiki wayahe tengah ndalu
Udan kuwi saya mundhak ngganggu
Marang gambarku...
Lan kabeh jalma kang padha keplayu
Senajan tanpa gelap kaliwat-liwat
Ananging bisa gawe wedhiku
Kelanan kabeh panjangkaku
Marang pambudhiku sing durung padha karuwat
Mbok ya ndhang terang
Lungakna rasa was sumelang
Hilangana jiwa sing lagi kapang
Kareben bali ana ing kandhang
Sabtu, 09 Februari 2008
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar