Jumat, 22 Februari 2008

BOCAH BAJANG

Kang...aku durung mangerti
Lan soyo suwe kok malah mbilaheni
Marang lelakon kang padha di gawe
Ing sak tengahing yuswa sajak ngawe-awe


Kudune aku lumaku ing kana kae
Ngancik lad-ladan kancane dhewe
Nggayuh ayang-ayang sing dadi sawangane
Lan tumrap kabeh kang wus rinonce


Ananging Kang...mung di gawe bubrah
Bubar-bubar sumebar tanpa wadah
Anak polah Bapa kepradah
Bisa handadekake mongkoging rasa sumanah


Kudune aku tumandang cipta
Nempil kabeh kang padha tandang karya
Bisa gumyak senajan tho amung sedela
Nyirnakna bebendhu sing tansah mbalela


Kang...apa jagade wis padhang?
Banjur arep napaki ara-ara sinebrang
Manekung amrih rahayu sinandang
Nyemplok murka kang kemramang abang...



Bajang Kerek,28 Februari 2005...

Tidak ada komentar: