Selasa, 11 Maret 2008

PEDHUT

Jagadmu wus katon samar
Datan tiningal marang jalma lumrah
Sewu prahara sajak remen padha ngambah
Mring sapa wae kang nalare bubrah

Prasasat tanpa padha di gagas
Padhanging rembulan tansaya memelas
Kang bisa gawe sirnaning hawa panas
Anane mung cupet ati sing tatas

Sawangen bebantening praja
Saya suwe mundhak ngrembaka
Yo tumindak dur angkara
Tansah genggang tanpa rumangsa dosa

Ing sak brang kulon...
Kang nembe nemahi lelakon
Ngajak marang pitakon
Apa kabeh iki guyon?



Kulon Kali 26 Desember 2004

Tidak ada komentar: