Selasa, 11 Maret 2008

KIDUNG PASEMON

Nok...apa sliramu kelingan
Nalika Simbah ujar eling marang sira
Marang jalma kang padha lumaku
Lan marang udan ngriwis adem keplayu

Konang lima jejer ing tengahing telaga
Padha nggagas apa candra kawedar
Mula bukane hambabar tumrap manungsa
Suka-suka sak derma tata gelar

Caritane lakuning Rahwana
Kang gawe geger ing tengah kutha raja
Nggayuh kamulyan amrih raharja
Nanging apa,nyawa kang kagawa-gawa

Bocah loro padha kelon
Tetangisan kelawan tathit gumebyar
Ing sakjroning ara-ara amba
Jalma apa kang ngrumeksa

Apa tumon kabeh lelakon
Gumyak-gumyak marang tumindak culika
Padha sirna lumampah lunga
Gusti kang dadi pandham-pandhoming begjan sukma raga

Lega-leganing kasampurnan...


Kulon Kali 27 Juni 2005...

Tidak ada komentar: