Jumat, 14 Maret 2008

GAPUK...

Sumilir angin wengi iki
Rasa adem tansah nggugah ati
Binarung suaraning ratri
Ra krasa luh tumetes mlebes mili

Mbok...aku bingung
Prasasat lumebu ing alas gung liwang liwung
Dalan-dalan kuwi tansah nyandhung-nyandhung
Gawe cupet ati petheng katutup mendung

Aku isin marang gebyaring lintang
Aku gila nyawang sewu ayang-ayang
Kang tansah tumuju lenggah
Ing sakjroning impen ngejowantah

Mbok...aku ora kuat
Nampa panandhang kang kedungsang-dungsang
Pepes nyempyok prahara sinandhang
Aku ora kuat...

Nalarku gempung...
Ora bisa weruh
Marang sopo aku njaluk tulung
Aku gemblung...

Apa kalbuku wus gapuk
Banjur arep nglumpruk
Ing sakjroning angen-angen kang temumpuk
Mboh ra weruh...



Pacrabaan Wukir Kencana
14Maret 2008

Tidak ada komentar: