Minggu, 04 Mei 2008

REMUK

Rung mangsane rame-rame
Rumangsa ngece marang wong kere
Banjur podho duwe darbe
Sak karepe...
Eling...eling....
Kabeh dadi maling
Ra mikir rikolo jaman lagi jengking


Sega sepiring dadi gawe
Oncating nyawa podho gumlindhing
Rumangsa gedhe banjur nggrathil
Nyebar janji amrih senenge dhewe


Gonjang-ganjing jagade kebak sesuker
Bathara Kala podho mangap nyaplok togor njejejer
Kabeh nyuluh bebener
Ananging nrunjang-nrunjang pepener
Waton bisa nggembol pager lan rokok sa'ler


Ajur-ajur....mumur
Mbok paringana dawa umur
Banjur bisa nyawang tetanduran podho subur
Sanak kadhang podho AKUR
Mungsuh dadi sedulur
Dadi gumyak nagara makmur
Katur puji syukur
Matur nuwun tinimbang NGANGGUR...




Joggor Redfieth,05 May 08

Tidak ada komentar: